Kamis, 02 Mei 2013

Edisi Pertama

Wis mbengi sih, mataku rasane ya wis mandan sepet tapi urung kepengin merem. Tesih pengin ngrampungna penggawean. Soale nek awan aku ra bisa bebas kaya kie. Nembe njekel letop wis diburu-buru anak wadon apa anak lanang apa loro-lorone. Alhamdulillah bisa ngepost maning kieh tapi ana sing beda yaiku basane. Yaps kie adalah postingan pertamaku sing nganggo basaku dewek, bahasa sing samben ndina tak enggo, bahasa sing samben dina go alat komunikasi secara verbal nang wong-wong sekitarku. Basane enyong panginyongan sing dadi warisane mbaeh mbahku.

Sebab aku wong Cilacap asli, rama biyungku ya keturunan Cilacap asli. Bojoku, mertuaku ya keturunan Cilacap asli. Pure wong Cilacap sing melu karisedenan Banyumas sing basa kebangsaane dijenengi Basa Ngapak. #tapi sebagai wong ngapak kronologine bisa dijenengi ngapak aku ra patia paham. Gara-gara ngomonge ngapak-ngapak ndean. mbuh ding.


#Malem Jemuah siki bertepatan karo mitung ndinane Alm. Uje. Seminggu iki nang Tipi setiap ana berita mbahase Uje ae. Ra papa lah darii pada mbahas Eyang kubur  :D.




Uje ... The Amazing person. Semoga dengan kepergian satu ulama di muka bumi ini. Akan lahir lebih banyak ulama pengganti yang seperti beliau atau lebih baik dari beliau dan bisa meneruskan perjuangan menyebarkan agama Rahmatan lil'alamiin di Bumi Allah ini. Aamiin. (pake bahasa nasional)

Wis ah, wis tambah mbengi mbok ngesuk tangine krainan. Sugeng ndaluu

*modem or letope lelet bgd apa malah q sing ora sabaran?* wes ah, akhirul qoulii. wassalamu'alaikum wr.wb.

2 komentar:

  1. lhah...
    malem jemuah ya sunah rasul
    aja bahas wong mati... :D

    lhah jeleh ana capcay maning
    haha

    BalasHapus
    Balasan
    1. lah kon eling mati, sunah rosul nek lagi palang merah mbok malah dosa? heheee

      capcayne wis tak buang, sayub

      Hapus